Umbrella Girl Lyrics & Tabs by Sujiwo Tejo

Umbrella Girl

guitar chords lyrics

Sujiwo Tejo

Album : Mirah Ingsun avant-garde PlayStop

njêdindil aku kadêmên
udane kapan lèh tingkas
ket wingi mbrêbês koyo mili ra bakal rampung gati

panandange panyawange karêrantan tambah nglangut
soyo sêngkut soyo kêlut
udan tangis udane ra tingkas
njêdindil
tinunu kayu tinunu
nuthuli juwawut nuthuli
cêcamah podo tinon nduwur mêncit
mabure pancen nandang kingkin
nandang wang wang
tan kêno kinoyo ngopo
pangrantêse pamulète ibo koyo
tan kêno tan kinoyo ngopo

tan kêno kinoyo ngopo
pangrantêse pamulète ibo koyo
tan kêno tan kinoyo ngopo
ndêpipis kudanan ing ngatase payung srêngenge
tinitah tinanting tinatah ngluber bawono
bawane tan biso ngglawat
kidung denyo nyêmbadani
amuk krurane taksoko
tatune praptèng walikat
rêridu dikoyo ngopo
rêridu praptèng walikat
dinères kêmbêng waspane
jagade padhang tanêg nora pijêr tangi
nganti srêngengene matarangan gêgaleyah galeyahan
ojo takon ojo pundung
anglakoni uripmu kang nunggil jiwanggo
jiwanggo

Like us on Facebook.....
-> Loading Time :0.0120 sec