The Sound Of Orang Asyik Lyrics & Tabs by Sujiwo Tejo

The Sound Of Orang Asyik

guitar chords lyrics

Sujiwo Tejo

Album : Pada Suatu KetikaPlayStop

Wong bejo nora koyo awak dw
Digadhang-gadhang karo wong tuwo
Dinomo domo ing sabendinane

Saben dino tansah pitungkasan
Lan kinamulan estining tyas
Tan kendhat anggone ngukir jiwo
Sih lumintuning donga wong tuwo
Rino wengi tansah anyenyuwun
Madhep manteb tan kendho
(dho re mi fa sol la si donga kang satuhu
Mi do sol do la fa re lha kok wus bejane….)
Wong bejo nora koyo awak dhewe
Disengkuyung sanggyo prokonco
Bareng makaryo tur sak ekoproyo
Bares ing samubarang petungan

Disengkuyung sanggyo prokonco
Bareng makaryo tur sak ekoproyo
Bares ing samubarang petungan
Sasolahe tan mesti bathine
Kang baku nora ngorbanke liyan
Siningkiran ing reh dengki srei
Ndondomi dhodhoting abebrayan
Golong jiwo nyawiji
(ji ro lu pat mo nempi jiwaning bebrayan
Lu ji mo ji nem pat ro patrap kang mangkono)
Wong bejo nora koyo awak dhewe
Pikantuk dalane jejodhoan
Dalan kang nora mulus lir dalan tol
Nanging ugo dudu dalan kang rungkut
Dudu dalan kang nistho ngarane
Dalane margo kang dilakoni
Romo ibu yo hamung tutwuri
Mimi mintuno kang disesuwun
Madhep manteb tan kendho
(dho re mi fa sol la si donga kang satuhu
Mi do sol do la fa re lha kok wus bejane….)

Like us on Facebook.....
-> Loading Time :0.0063 sec