Love-Colored Eyes Lyrics & Tabs by Sujiwo Tejo

Love-Colored Eyes

guitar chords lyrics

Sujiwo Tejo

Album : Mirah Ingsun avant-garde PlayStop

nuruti nêting ati
nalika niro ring ndêdalan
sun sawang-sawang katon angawe-awe

mbuh lantaran atiku
kènyut diawe-awe
dijak minggat peparan
paran duh paran rung nate nate
paran sing rung nate nate
paran sing rung ra nate nate
soyo sun tamatke lèh dè'e ngawe awe-aweku
jêbul mung uwit kêmbang mêlati
ra kurang-kurang wêwanti wêwantine poro sêpuh
tumrap wong lagi gandrung
nyawang langit udan lan gêgodhongan sabarang kalir
tumrap wong lagi gandrung

tumrap wong lagi gandrung
nyawang langit udan lan gêgodhongan sabarang kalir
tumrap wong lagi gandrung
mung katinon èsêm mènjêb lakak lagon lageyane
prauku wis manêngah pyak pyuk pyak gêbyure ombak
lumêmbak nggonku ngambang
madyaning gêsang
madyaning gêsang
doh lor lan doh kidul
kêndhang kêmpul lakonku
kadhang kendhang lir kapuncang
kadhang ngêngampul pênyu kumambang
umpamane mas kumambang
umpamane mas kumambang
kadadak katon sliramu lèh ngawe awe-aweku
jêbul mung wit klopo ing nggêgisik

Like us on Facebook.....
-> Loading Time :0.0148 sec