Dying Footsteps Lyrics & Tabs by Sujiwo Tejo

Dying Footsteps

guitar chords lyrics

Sujiwo Tejo

Album : Mirah Ingsun avant-garde PlayStop

wong mung sadêrmo nglakoni
iku wêwangsone pitutur amiluhur
wong mung sadêrmo ngrêrantu

kang podho kêplok kawruh sunyatane
mung amung ojo ngunggar kêmrungsung
sing sarèh
pundi udan pundi tangis
pundi kang kaèsthi
ciblon jroning nolo
rikalaning panglong
ndungkap wancine papan
andungkap kêtigo
tangise manungso tangise wong ijèn
wong mayit wae ndadak didusi
siniram wêwanginaning tirto

tangise manungso tangise wong ijèn
wong mayit wae ndadak didusi
siniram wêwanginaning tirto
sik sik ojo ngunggar kêsusu
angungak kori kang nêmbe mêngo
wong manggon nangndining sêgêr tirto
wancinyo
ngalor ngidul ngetan ngulon
lir bocah kualon
kangên ibu kangên bumi bopo angkoso
nduwur ngisor ngiwo nêngên lir pangangên- angên
kangên ibu kangên bumi bopo angkoso
munggwing êmbun-êmbun kawruhmu
mbun-mbunan kajate dumadi
du dudu ilmu aning ndêdalan
ujare ujar jarwi sambeworo
gèk gèk kae mung samudono
sinadon lamise
ojo ngguyu siro kaki
dewone kang nganglang
nyangking bokor kêncanane
ojo diiwi-iwi
ewodene podo tamat
yen siro gêlêmo
ojo dupi wayah angon
dipangangên-angên

Like us on Facebook.....
-> Loading Time :0.0093 sec